SEJARAH GKJW JEMAAT DONOMULYO

            Dek tahun 1930, ana pawongan kang tugase penilik sekolah asale tekan Malang, asmane Mas Pinto. Iki wong Kristen wiwitan kang tekan Donomulyo. Biasane iku gawanane rokok lan nganggo once terus biasa diundhang Pak Pinta Once. Sak bubare Mas Pinto Once, tahun 1940 ugo kereken Bp. Prawiro Sudirdjo lan Ibu Bidan Sih Wijanti, terus tahun 1949 ugo kerekan Bp. Budiarso dadi kepala sekolah SDN Donomulyo I. Terus kasusul Bp. Setyo Josep kang dadi mantri kesehatan neng Donomulyo iki. Wong-wong iki kang bisa diarani lantaran Gusti dadi Bibit unggul ana ing Pasamuan Donomulyo iki.

            Sak bubare 4 brayat iku kasusul tekane brayate Bp. Supeno sabrayat, kang ugo ibu, iku tugas bidan BKIA wiwit tahun 1950-an iku ana kira-kira 15 jiwa. Lan wiwit iku ana kebaktian, kang kasebut kebaktian ideran, yaiku kebaktian ana ing brayat-brayat gantian. Wong-wong iku asale tekan Malang, dadi hubungane ugo karo Pasamuan Malang. Kebaktian tambah regeng naliko rawuhe Bp. Musa Tanaja kang tugas dadi Kepala KRPH ana ing Donomulyo. Kebaktian tambah rutin malah kausulake dadi pepanthan Pasamuan Malang (Talon).

            Tahun 1955 kelompok Donomulyo diresmekake dadi pepanthan. Seng dadi ketua Bp. R. Musa Tanajo. Penulise  Bp. Supeno lan Bendaharane Bp. Setyo Josep. Sawise setahun Bp. Setyo Josep dipindah menyang Malang terus diganti karo Bp. Harjo Sutikno. Para pendhereke Gusti dadi lantaran kang apik, buktine tanggal 26 Agustus 1956, ana baptisan wiwitan cacahe 12 jiwa. Kebaktian ugo tambah regeng maneh. Malah-malah rawuhe Bp. Suparman sak brayat sing cacahe ana 5 jiwa, tambah ramene lan akehe para pendhereke Gusti ing Donomulyo iki. Katambahan uga rawuhe Bp. D.S. Daryono, guru ing Tlogosari. Dadi cacahe ana 53 jiwo ing Donomulyo.

            Wiwit tahun 1962, mulai ana kebaktian Minggu lan panggonane ana ing omahe Ibu Harjo Utama, kang resmekake Bp. Pdt. Suwignyo Dihardjo, Pandhita GKJW tekan Pasamuan Malang. Lan wiwit April 1963 krana Bp. Setyo Josep wis rawuh maneh ing Donomulyo Ketua Pepanthan dipasrahake panjenengane. Pancen saranane Gusti akeh tekan punggawa pemerintahan, malahan rawuhe Bp. Camat Surahman, lan Dansek Sriono, Mantri Polisi Abas Aries kang bareng-bareng tugas ana ing Donomulyo mulai tahun 1962-1968. Malah luwih katon tambah banget cacahe warga. Nalika situasi G 30 S/PKI tahun 1965, krana butuh slamete jiwa, akeh banget wong sing dibabtis kira-kira ana wong 250-an kang baptis lan antarane ana 100 KK. Operasi Blitar Selatan klebu Malang Selatan (1967 – 1968), akeh uga warga Kristen kang dadi korban terus kabuwang ing Pulo Buru lan akeh uga sing ora bali, wong padha bingung. Wektu iku cacahe warga kira-kira ana 315 jiwa ana ing Donomulyo. Iki isih mung ing Donomulyo, durung ana ing panggonan liyane, Tempursari, Tlogosari, Sumbermanjing lan liyan-liyane. Akeh warga iku ndadekake perlu ana majelis, kang dadi majelis waktu iku lan dikepyakake ana ing Pasamuan Malang tgl. 14 Mei 1967 yaiku Bp. Dirdjo Siswoyo (Ketua), Bp. Hardjono ana ing Tempursari (Penulis) lan Bp. Soegiarso (Bendahara) sarta Bp. Urbanus ana ing Sumbermanjing (Ketua Kelompok). Majelis iki didampingi karo Guru Injil kang diangkat yaiku Bp. Musa Tanojo nganti tahun 1968 (setahun). Terus diganti Bp. G.I. Samidi nganti 3 tahun.

            Cacahe pendhereke Gusti tambah akeh nganti papan pangibadah ana ing ibu Hardjo Oetomo ora cukup. Terus diparingi tanah hibah ukuran 13x 56 meter saka panitia Lanforen Kecamatan. Seng sak iki dienggoni gedung gereja induk. Tanahe jodangan lan cukup jero kiro-kiro 3 meter jerone. Kanthi gotong-royong wargane pasamuan, jodangan iku diurug lan uga wiwit mulai mbangun pondasi lan golek bahan-bahan bangunan, malahan bantuan saka Dansek Donomulyo Bp. Sriono, bantuan Perhutani kanggo tuku kayu radha murah, lan uga kreatifitase warga gedung greja kang mbangun kanthi otot pring kang disisiki kanggo ngupoyo bangunan enggal dadi. Ketambahan rawuhe Vikar Sihardi tahun 1971 nambah semangate warga mujudake bangunan. Wektu 5 tahun bangunan greja iku karampungake, wulan maret 1972 greja iku karesmekake karo Bp. Pdt. Suwignyo Diharjo, bareng karo iku greja kaparingan tanah kanggo pakuburan ana ing tanah Mulyosari, tanah pakuburan saiki. Lantarane Gusti kanthi rawuhe Bp. Vikar Sihardi greja wiwit katata mulai 23 November 1972 mulai kadewasaake kanthi wewengkone pepanthane Tempursari, Tlogosari, Sumbermanjing kulon. Pepanthan Pagak  mulai dadi pepanthan kiro-kiro tahun 1976 kang mandegani Bp. Panduworo lan Bp. Rukiyadi lan uga disusul kelompok Tlogorejo kang mandegani Bp. Sriono wargo Tlogorejo kang suwe ana ing Malang. Uga wiwit 1 Oktober 2000 mulai ana pangabekti ana ing kelompok Sumbergentong ana ing omahe Bp. Randi Suseno, bareng karo iku ana hibah tanah 5x10 meter tekan Bp. Sariman lan anake Sukrisgianto, katerusake 1 Oktober 2001 mulai mondasi kang miwiti Bp. Sucipto Adi (Lurah ing Tempursari) lan Bp. Pdt. Sinung Mawanta. Wiwit iku kabangun kanthi gotong-royong lan bantuan-bantuan saka pasamuan lan lembaga serta saka pemerintah. Bangunan rampung tanggal 1 Oktober 2002. Gedung Greja karesmekake karo Bp. Bambang Suwidha (Camat Donomulyo) lan Pdt. Sih Ageng. Wiwit iku Donomulyo dadi pasamuwan kan mandiri, nanging pancen ora luput saka pasang surute kanyataan alam ndonya, masiho dadi pasamuan  kang mandiri isih ugi entok subsidi bab dana wiwit tahun 1971 – 1993 saka Majelis Agung kanggo tambahan jaminan Pendhita wektu iki. Wiwit tahun 1993 mulai ngupaya dadi pasamuan kan mandiri.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to " "

Posting Komentar